BAB
I
PURWAKA
A. Latar Belakang
Para Pandhawa Lima (basa Sansekreta:
Pañca Pāṇḍava) iku Prabu Yudhistira, Bima, Arjuna,
Nakula lan Sadewa.
Lima paraga iki turunané Prabu
Pandhu kang dadi raja ing Astina. Pandhu disepata dening dewa bakal mati yèn
saresmi karo garwané. Pandhu nerjang wewaler lan banjur mati. Dewi Madrim,
garwané, mèlu belapati, kamangka nalika iku lagi nggarbini. Nalika suduk salira
iku lair Nakula lan Sadewa kang kembar. Déné Yudhistira, Bima lan Arjuna lair
saka Dewi Kunti. Sadurunge karo Pandhu, Dewi Kunthi nate nglairake bayi kang
banjur diwenehi jeneng Suryatmaja.
Pandhawa dadi satru Kurawa ing
Bharatayudha. Dene, Suryatmaja melu Kurawa nglawan sedulur-sedulure dhewe.
Pandhawa ing budaya Jawa, mlebu
wong-wong kang kudu diruwat. Yen ora diruwat bakal dipangan Bathara Kala.
1.2. Rumusan masalah
Kanthi dhasar saking
latar belakang meniko fokus masalah
ingkang dipunpundhut inggih menika babagan pandawa 5 inggeh puniko raden
Puntadewa / Yudistira, Brotoseno/Bima ,Arjuna
Nakula lan Sadewa.
.
B. Tujuan panyeratan
Menggahing tujuan saking
pangastan makalah menika enggeh puniko :
1.
Kagem njangkepi
piwucal Bahasa Jawi
2.
Paring
tambahan pengetahuan nopo ingkang dipun arani maksud Pandawa 5.
BAB
II
WOSING
PIREMBAGAN
A.
Silsilah
Pandhawa menika cacahipun gangsal sedherek, tiga antawisipun (Puntadewa/yudistira, Bima /Brotoseno, lan Arjuna)
menika putra Pandu saking ibu Kunti, dene (Nakula
lan Sadewa) menika putra saking ibu Madrim.
B.
Panitisan
Miturut
tradhisi Hindu, Pandhawa menika panitisanipun dewa:
1)
Puntadewa / yudistira
Inggih punika Raja
ing Amarta utawi Indrapasta.
Sawise perang Bharatayuda Puntadewa dados raja ing Astina
kanthi gelar Prabu Kalimataya. Puntadewa kagungan julukan antawisipun :
Darmawangsa, Darmakusuma ,Kantakapura, Gunatalikrama, Yudistira, lan Sami Aji.
Priyantung ingkang jujurr, sareh, suci, luhur, remen tinulung, tresna tumrap
tiyang sepuhipun saha njagi sederek-sedererekipun. Gadahi pusaka kanthi aran Jamus Kalimasada, ingkang paedahipun saged dados pituduh lan
pinulung tumrap kesaenan lan kesejahteraan. Puntadewa gadah garwa kalih yaiku Dewi Drupadi lan Dewi
Kuntulwilaten.
2)
Bratasena / Bima
Nalika dewasa
asmanipun Werkudara, inggih punika ksatria Jodipati lan Tanggulpamenang.
Nate dados raja Giliwesi kanthi
gelar Prabu Tuguwasesa. Kagungan julukan antawisipun : Bima, Bayusutu,
Dandun Wacana, Kusuma Waligita. Piyantun ingkang jujur, boten gumedhe, suci,
manut tumrap gurunipun (terutama Dewaruci)l, tresna tumrap ibu saha
sederekipun. Nalika perang gadah jargon “Menang, nalika kalah berarti mati”.
Panjenengane pantes dados panutan amargi kagungan sifat kang jujur lan suci
panggalihipun. Kagungan pusaka kanti aran Kuku Pancanaka ing tangan kanan lan
kiri migunani, kukuh sanget saha landhep. Uga kagungan kekuatan gangsal angin,
serta saged ngancuraken gunung. Kagungan kalih prameswuri yaiku: Arimbi
dan Nagagini. Kaliyan Arimbi pikantuk putra yaiku Gatotkaca, ingkang saged mabur boten ngagem sewiwi. Saking Nagagini angsal putra kanthi asma Antasena ingkang saged mlebet ing bumi lan kagungan kuwasa ing
samodra. Bratasena nalika lair kabungkus. Lan ingkang saged nyowek bungkusan
wau yaiky Gajah Situ Seno. Nalika samanten Gajah Situ Seno
mlebet ing raganupin Bratasena, saengga kagungan kekuatan luar biasa lan saged
nyowek bungkusan wau.
3)
Arjuna
Inggih punika
Ksatria Madukara, raja Tinjomaya ugi.
Kagungan julukan ingkang kathah antawisipun : Janaka, Parta, Panduputra,
Kumbawali, Margana, Kuntadi, Indratanaya, Prabu Kariti, Palgunadi, Dananjaya.
Priyantung ingkang remen lung tinulung, remen tapabrata, cerdik lan pinter,
ahli ing kabudayan lan kesenian. Arjuna inggin punika ksatria ingkang sekti
mandraguna. Kekasining para Dewa, panjalmaning Dewa Wisnu. Kagungan gawra ingkang kathah kamangkan kagungan
julukan “Lelananging jagad”, kagungan paras ingkang gagah lan boten wonten
tandhingane. Prameswarinipun ing Arcapada yaiku Wara Sumbadra dan Wara Srikandi. Lan prameswari ingkang sanesipun inggih punika
Rarasati, Sulastri, Gandawati, Ulupi, Maeswara, lsp. Ing Jonggrang Saloka
panjenengane gadah prameswari inggih punika Dewi Supraba, Dewi Dersanala
inggih punika widodari ing Tinjomaya. Priyantun
ingkang kagungan watak ksatria, luhur budinipun, remen lung tinulung, sarta
demenaning para Dewa.
4)
Nakula
Inggih punika putra
kapapat Prabu Pandu Dewanata kaliyan Dewi Madrim ingkang lair sesarengan kaliyan Sadewa.
Rama lan ibunipun tilar donya nalika penjenengane tasih alit. Mangka
penjenengane dipunrawat dening Dewi Kunti kanthi boten
mbenten-bentenaken. Sawise perang Bharatayuda Nakula lan Sadewa
dados raja ing Mandraka kaliyan Sadewa.
Kagungan julukan Raden Pinten. Nakula prigel ing pertanian. Nalika perang
Bharatayuda, panjenengane ingkang saged ngluluhaken manahipun Prabu Salya. Sebab Prabu Salya tasih sederekipun Dewi Madrim, lan sejatina panjenengane tansah sarujuk ing
kabecikan Pandhawa. Mangka Prabu Salya maringi pirsa tumrap Nakula
lan Sadewa dene ingkang saged ngalahaken panjenengane inggih
punika Puntadewa, sebabPuntadewa kagungan getih pethak.
5) Sadewa
Putra kaping
gangalipun Prabu Pandhu kaliyan Dewi Madrim, dilairaken sesarengan kaliyan Nakula.
Sawise perang Bharatayuda dados raja ing Mandraka sareng
kaliya Nakula. Nalika alit kagungan asma Raden Tangsem. Prigel
babagan peternakan. Kagungan prameswari Endang Sadarmi,
putrinipun Begawan
Tembangpetra pertapa ing Parangalas, kagungan
putra kanthi asma Sabekti’.
BAB.
III
WASANA
A.
Dudutan
saking pangrembagan ingkang enten ing Bab
dipuninggil mila panyerat saged menyimpulkan menawi :
Pandhawa
5 inggih puniko
1.
Puntadewa / yudistira
2.
Brotoseno / Bima
3.
Arjuna
4.
Nakula
5.
Sadewa
B.
Saran
Mekaten makalah ingkang kula damel niki,
mugi-mugi menapa ingkang kula serat sageto dados minggahan pangasumerepan
kunjuk kita sedaya konjuk langkung nepang ngengingi pandawa 5. kula ngelingi
menapa ingkang kulo serat lebet makalah meniko tentu taksih dereng sami menapa
ingkang dipun pengajeng ajeng. Kulo tansah ngajeng-ajeng bimbingan saking guru
pembimbing ugi rencang-rencang sedaya.
DAFTAR
PUSTAKA
http://jv.wikipedia.org/wiki/Sad%C3%A9wa
http://jv.wikipedia.org/wiki/Nakula
http://diancintailham.blogspot.com/2009/12/pandhawa.html
http://mongosilakan.net/translatorjawa/
Anda pencinta permainan poker?
ReplyDeleteMau bonus setiap hari?
Mari join bersama kami di POKERVITA
Info hub
WA:0812 2222 996